BATANG, INFOBATANG-Wis dadi tradisine wong Batang, mulai tanggal selikur pasa padha ngana’ake slametan selikuran. Tradisi iki bentuk karo wujude macem-macem.
Sing umum, biasane padha nggawe slametan ning mesjid utawa langgar. Sing khusus, utamane kanggo pribadi, masing-masing padha ngencengake nderes, i’tikaf, lan dzikir. Luwih khusus maneh tumrape wong lanang, biasane podho cukur rambut.
Wayah-wayah koiki, para tukang cukur jelas padha panen gawean. Ning sentra pangkas rambut Senggol, para tukang cukur nganti kuwalahen. Para pendekar gunting kuwi tapuk nyambut gawe awit jam 8 isuk nganti jam 12 bengi. Nek sing mangkate rada awan, biasane malah nganti jam 2 bengi nembe leren.
Slamet Mulyo alias Jemek, salah sijine tukang cukur ning area senggol ngakoni nek wayah arep bada cukuran mesthi rame. “Nek arep bada koiki pancen biasane 5 kali lipat ramene mas”, ujare Jemek. Ning area pinggir rel sepur kuwi, rata-rata saben tukang cukur nggarap 50-70 sirah pas wayah nyepaki bada.
Area Senggol, jaman 80-90an luwih misuwur minangka area Bioskop Mustika. Lapak-lapak cukur rambut sing ana ning kono kuwi akehe mbiyen bekas warung makan utawa warung bakso. “Yo mbiyen sing mbabat ning kene pertama arane Mas Yogi, ndeknen karo kanca-kancane sepakat manfaatke lapak-lapak sing nganggur merga bioskope tutup dadi lapak cukur rambut”, Jemek merta’ke.
“Saiki ana sekitar 60an tukang cukur sing makarya ning kene”, ujare. “Sedulur-sedulur tukang cukur Senggol akhire gawe organisasi sing diarani PANTAS RAPI”, tambah Jemek.
Miturut Jemek, anggota PANTAS RAPI ora mung wong Kab. Batang tokthil. Tapi ana wong Pekalongan Kota lan Kabupaten, jare malah ana sing wong Kab. Pemalang mbarang.
Kuliwarta & videografer : @fiza.umami